Selasa, 12 November 2013

WERKUDARA



Sang Bhima dibawa terbang ke gunung Srngga. Maka lalu berhias diri, segala sesuatunya menyebabkan rupanya merindukan;
segala macam pakaian yang utama dikenakannya.
Karena itu Sang Bhima merasa senang, lalu berjalan-jalan di tempat yang sangat ramainya, tempat itu didatangi berdua.
Masuk taman dalam hutan itu, sampai di asrama, di gunung, habis didatanginya.
Mereka merasa senang. Akhirnya ia bercumbuan dengan sang Hidimbi,
dan berputera seorang (berbadan) raksasa,
tiksnadamstra taringnya tajam,
sutamranetra matanya merah,
mahawaktra mulutnya lebar,
sangkukarna telinganya seperti lipung (tombak),
mahatanuh badannya besar,
mahajothawa perutnya (pun) besar,
mahabalah sangat saktinya dan kuat pula.
Balo ‘pi yauwanam praptah karena anak lahir di hutan (menyebabkan) tiada takut akan segala macam bahaya.
Agrastah tiada kurang sedikitpun kebagusan perangainya,
manojawah jalannya sangat kencang, sama dengan jalan pikiran, kesaktiannya bagai kesaktian raksasa.
Maka anak itu menyembah ke pada ibu dan bapanya.
Ghatopamah kacokesi lagi pula kelihatan rambutnya lebat tidak teratur, sanggulnya seperti ghata (periuk)
Tasmad Ghatotkaca maka diberinya nama Ghatotkaca.
Sangat moleknya, diramalkan Batara Indra, kelak akan mendapatkan lipung Sang Karna.
Demikianlah anak Sang Bhima itu.
Sesudah sang Hidimbi berputera itu lalu kembali ke tempat Dewi Kunti diiringkan oleh Sang Bhima dan sang Ghatotkaca.
Bertemulah empat orang Pandawa dalam pesta, tiada kurang sedikitpun berkat kebesaran jiwa sang Hidimbi.
kemudian datanglah Ghatotkaca minta supaya diberi petunjuk barang sesuatu yang baik dikerjkan dalam keadaan bahaya yang mungkin terjadi.
Sesudah menyembah dan minta diri ke pada Dewi Kunti dan lima orang Pandawa, iapun pergi bersama dengan ibunya.
Sang Pandawa ditinggalkannya.


Bahasa Jawa Kuna dan Indonesia oleh P.J. Zoetmulder, penerbit Paramita – Surabaya 2006 (bab XV- hal 232)


http://wayang.wordpress.com/category/wayang-karakter/tokoh-mahabharata/

Minggu, 03 November 2013

Bale Sigalagala


Bola-bali Kurawa nggawe cara utawa ngreka supaya Pandhawa bisa mati. Nanging Pandhawa tansah pinaringan slamet saka Pangeran awit saka sakabehing paekane sedulur-sedulur nakndulure kuwi mau.Rumangsa kentekan cara anggone arep nyirnakake Pandhawa lan Ibune, ing sawijining dina Duryudana sowan marang ramane yaiku Prabu Drestarasta. Ature Duryudana, “Dhuh Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhen kula inggih sesembahan kula sakadang ing Ngarcapada. Pawartos ingkang kula rungu, kawula ing Astina badhe marak sowan wonten ngarsanipun Kanjeng Rama, monjuk atur prekawis wisudhanipun Adhimas Yudhistira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu Pandhudewanata, jer samangke pun adhi kadang Pandhawa sampun ngancik diwasa. Menawi pawartos menika nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang mangke. Boten sanes, kula lan kadang Kurawa sedaya badhe dados reh-rehanipun kadang Pandhawa. Pramila awit saking menika, menawi kepareng kadang Pandhawa badhe kula sirnakaken kemawon.”


Krungu ature putrane mau (Duryudana), Prabu Drestarastra sakkal njegreg kaya tugu, sapandurat ora bisa paring pangandika. Sawise sareh sawetara Prabu Drestarstra lagi bisa paring wangsulan. Prabu Drestarastra ora sarujuk panyuwunane Duryudana sasedulur, awit panyuwunan kuwu nalisir saka watak utama lan nyimpang saka darmaning satriyatama.

Duryudana sasedulur ora manut pituture ramane, Prabu Drestarastra. Kanthi sesidheman Duryudana utusan salah sawijining abdi kang banget dipercaya, kadhawuhan nggawe bale pasanggarahan ana ing dhusun Waranawata, dhusun kang asri kang mapan ana ing sangisoring gunung, cedhak alas. Bale mau digawe saka pring petung kang ing sajerone diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala, tegese bale kang isine gala.

Sawise bale kuwi dadi, kanthi ulat manis Duryudana dhawuh marang Yudhistira sedulure, kautus ameng-ameng ana ing padhesan saperlu golek undhaking kawruh minangka sangu kanggo jumeneng ratu ana ing Astinapura. Amrih bisa mangerteni watak wantune kawula cilik ing padhusunan Pandhawa sakadang lan Ibune kadhawuhan masanggrah ana ing bale pasanggrahan, ing sawetara wektu.

Pandhawa ora nduwe rasa cubriya marang pangandikane sedulur tuwane. Bareng wis siap sakabehe, lan nyuwun pamit uwa Prabu Drestarastra, marang paman Arya Yamawidura, lan Eyang Resi Bisma, Pandhawa sakadang lan Ibu Dewi Kunthi budhal lelana brata. Kanggo samudana, Suyudana utusan abdine kang aran Purocana, kautus ndherekake lungane Pandhawa sakadang, uga kadhawuhan ngladeni dhahare.

Ing sawijining dina, nalika Pandhawa sakadang lagi ngaso ana ing bale pasanggrahan, ana utusan saka paman Arya Yamawidura kang sowan, arane Kanana. Ature Kanana manawa kadang Pandhawa kudu ngati-ati, awit mbesuk ing malem tanggal 14 wulan iki Purocana kautus Duryudana ngobong bale pasangganggrahan. Kuwi ditindakake nalikane Pandhawa sakadang lan Ibune nedheng-nedhenge sare. Nanging Pandhawa dijaluk ora susah was sumelang lan kuwatir, awit Kanana bakal nggawekake trowongan sinandhi minangka dalane Pandhawa sakadang ucul saka pasanggrahan kuwi.

Ing dina kang wis ditemtokake, Pandhawa ngajak kembul dhahar bebarengan karo Purocana. Nalika samana Purocana ilang kaprayitnane. Anggone mangan keladuk akeh, kepara nganggo inum-inuman ndem-ndeman. Purocana mendem tenan, banjur nglumpruk kaya raseksa mati. Ing wektu kuwi, Pandhawa banjur ngobong bale pasanggrahan. Nalika geni murub ngalad-alad, Bima minangka panenggaking Pandhawa, mbopong sedulur-sedulure lan ibune, kapondhong mlayu metu liwat trowongan sinandhi, wusana njedhul ana ing satengahing alas. Pandhawa slamet, luput saka bebeya awit paekane kangmase yaiku Duryudana.

Kacarita ing negara Astina krungu pawarta ature kawula padhusunan bab bale pasanggrahan kang kobong ing wayah wengi. Prabu Drestarasta lan Resi Wara Bisma krungu pawarta mau penggalihe sungkawa, ora bisa ngampet nganti netesake eluh. Tumrape Arya Yama Widura mung gumujeng ing batin, awit dheweke mangerteni kabeh sejatine kedadeyan ing Waranawata. Dene Suyudana lan adhi-adhine padha bungah-bungah jejogedan awit rumangsa wis ilang klilipe.

Diambil dari beberapa sumber.